Kamis, 05 September 2013

Opo Gunane Nrundel?

Wong urip iku mung sedelo
Ojo digawe rekoso
Opo maneh ngoyo woro
Ono masalah yo adepi lan lakoni bae
Ora biso nrampungke dewe
Yo ngadu karo sing gawe urip
Akehi pandongane lan tambah sregep sholate
Uring-uringan dewe
Mbedegel
Mangkel
Jengkel
Lan ngamuk
Opo yo iso rampungke masalah?
Opo yo marai ati dadi plong?
Ora tho!
Trus opo gunane nrundel?
Nek diterus terusake yo mung dadi penyakite ati
Mending sing sareh
Nrimo opo anane
Lakoni sepenuhing ati opo sing biso dilakoni lan opo sing dadi tanggungjawabe
Sinau ikhlas
Yo abot nlakonane
Yo angel tenan ditindakake
Tapi yo kudu biso
Ben ati ora kemrungsung dewe
Yen ati pengen tentrem

Adem lan ayem

Tidak ada komentar:

Posting Komentar